Arsip

Arsip untuk Oktober, 2011

Ketigo ing Tlatah mBaturetno

Oktober 21, 2011 5 komentar

Mangsa ketigo taun iki jane ora begitu suwe, sanajan mangkono efeke pada karo ketigo sing suwe. Lahan pertanian pada nela kekurangan banyu, sumur-sumur pada asat, wit-witan pada garing kemlingking. Sing paling parah sak umur-umur aku ora tau weruh luapan waduk Gajah Mungkur ing sak kulon Baturetno Wonogiri kering kerontang dadi bisa diliwati kendaraan nyang arah Eromoko.
Daerah selatan Wonogiri memang langganan kekurangan banyu nek mangsa ketigo, soko jaman bahulak nganti jaman facebook saiki.Ngolek banyu kanggo kebutuhan sabendinone angel banget, nek gur ngejibke bantuan saka mobil-mobil tangki ora bakan nyukupi.
Nek disawang-sawang saben sore saiki langite wis katon mendung peteng sanajan urung udan bress.Alhamdullilah ya, sesuatu.  Mugo-mugo gek ndang udan ben lemah-lemah iso ditanduri, gunung-gunung dadi ijo maneh ugo wong-wong dadi ayu-ayu ngantheng-nganteng mergo sregep adus maneh.

Categories: one love
Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.